Sumbang Surunge Basa Jawa Tumrap adeging NKRI Basa Jawa bisa dadi lakone Dening : Soemito SA. Ketua Lembaga Javanologi Malang
A. Purwaka Keputusan lan rekomendasi sing diasilake”Rapat Koordinasi dan Sinkronisasi Pelestarian Sastra Daerah dan Bahasa Jawa” dhek tanggal 7-9 Oktober 2009 kang dianakake dening Biro Administrasi Kemasyarakatan Pemerintah Provinsi Jawa Timur, yaiku : “Sajroning Konggres nggunakake Basa Jawa” Hebat! Syukur lan beja kemayangan banget yen bisa kaleksanan. Jalaran ing KBJ IV kepungkur kahanan kaya ngono kuwi ora kelakon. Makalahe para pemakalah sing wis diarani pakar/ahli basa Jawa ora saguh, ora gelem medharake lumatar basa Jawa. Kepakarane mung mandheg ana teori, ora bisa tumus tekan adage bawa leksana. Ya eman banget!. Kacathet basa Jawa iku kang digunakake kadidene basa padinan, dumunung nomer 11 ing alam donya iki, Tegese ing antarane basa-basa ing jagad iki basa Jawa digunakake dening penutur kang cacahe 80 yuta kang semebar ing pulo Jawa, Sumatra, Malaysia, Suriname, New Kaledonia lan liya-liyane. Nalika kongres Basa Jawa IV (KBJ IV) ing Semarang tahun 2006, utusan saka tlatah kasebut ing ndhuwur ya padha rawuh nambahi agrenging KBJ IV. *) Soemito SA, Ketua Lembaga Javanologi Malang **) Makalah Kongres Basa Jawa 5, 27-30 Nopember 2011 ing Surabaya Nomer 11 klebu basa kang gedhe. Ing Eropa ada basa Inggris,Jerman, Prancis, Sepanyol lan Landa, , ing Asia ana basa Mandarin, Arab, Jepang,Tagalog ,Urdu lan Indonesia, Eropa ana lima, Asia ana 6 (enem). Kabeh ana 11. Kudune basa apa sing diendhih basa Jawa supaya tetep manggon nomer 11. Kajaba dadi basa sing nomer 11, Basa Jawa uga dadi Bahasa Ibu kang sacara internasional wis ditetepake PBB, tanggal 21 Pebruari 2000 dadi International Mother Language Day utawa Hari BahasaI Ibu Internasional.. Dirjen UNESCO Koichiro Matsuura ing acara International Mother Language Day taun 2008 ngandharake : Far from being a field reserved 1
for analysis by specialist, languages lie at the heart of social, economic and cultural life. That is the meaning of slogan launched by UNESCO for the International Year of Languages : Language matter. Kabeh iku mau minangka panyungsun marang para penutur (speaking community) bahasa ibu, kalebu basa Jawa luwih-luwih kagem para nimpuna kang lagi gentur ngrumat basa ibu kang gedhe. Ora gedhe kepriye wong nomer 11 saka kurang luwih 6000 basa ing donya. B.
Landhesan Pamikiran
1. a. Masyarakat Jawa tetep nganakake Basa Jawa Kanggo Komunikasi padinane b. Cacahe komunitas Jawa isih akeh 80 yuto c. Wong Jawa duwe karep sing kuwat kanggo nguri-uri utawa ngipuk-ipuk murih ngrembakane basa lan sastra Jawa d. BasaJawa duwe daya tarik sing kuwat dadi bahan penelitian e. Basa Jawa tetep madeg (exist) senajan 120 tahun tanpa guru tanpa sekolahan. Buktine Basa Jawa ing Suriname.. f. Jawa nduweni daya tangkal lan daya akomodatif sing hebat g. Keyakinan kang kuwat menawa basa Jawa ora bakal cures, h. Jawa nduweni “Kosa Kata” kemampuan bahasa, “unen-unen utawa idiomidiom sing lengkap. Rasane luwih jangkep tinimbang basa Indonesia. Unen-unen bab falsafah : Manunggaling kawula gusti, mikul duwur mendem jero Unen-unen bab Teologi : Tan kena kinaya apa, murbeng dumadi Unen-unen bab Laku budaya : Grebek , Sekaten Unen-unen bab Organisasi : Lurah, Bekel, Ulu-ulu Unen-unen bab system ilmu / teknologi : Geblekan (metalurgi) Unen-unen bab agama / Puji-pujian :Tamba Ati, Tanpa Waton (Gus Dur) Unen-unen ana mung ing basa Jawa : Bilas, mentas, mules, senep. 2. Kajaba gawe bombonge ati, uga ana sing ndadekake sumelanging ati. Yaiku akehe pratanda kang bisa njalari curese Basa Jawa. Contone : a. Para nom-noman sing migunakake basa Jawa sangsaya suda b. Rata-rata para nom-noman nganggep sinau basa lan sastra Jawa iku angel banget 2
c. Para pejabat lan tokoh masyarakat ora duwe greget paring tuladha migunakake basa Jawa. Iki kacetha nalika KBJ IV para pejabat, sabdatamane nganggo basa Indonesia, semono uga para pemakalah sing nggunakake basa Jawa mung sethithik. d. Sajake durung ana trontong-trontonge anane payung politik kanggo ngayomi lan mikuwat basa, sastra lan budaya Jawa. e. Para bapak/ibu mudha ngendikan karo putrane ora nganggo basa Jawa senajan penjenengane wong Jawa lan manggon lan urip ing komunitas Jawa, tundhone basa Jawa kelangan pangonan dadi bahasa ibu. Malah para eyang katut-katut kudu ngendikan nganggo basa Indonesia karo wayahe. Kedadeyan iki uga tinemu ing sakiwa tengene kraton Sala. f. Tengara kaya ing ndhuwur prasasat dadi erosi saka njero lan anane globalisasi kang dadi abrasi saka njaba ora usah ndadekake sumelange ati. Jalaran si Jawa duwe keunggulan lan kebangkitan kanggo nanggulangi. Coba dipirsani, Kaya sing wis kasebut ing ndhuwur basa Jawa ing Suriname, 120 tahun tanpa sekolahan tanpa guru tetep bisa lestari tumekane saiki. Pranyata basa Jawa duwe kaunggulan lan kebangkitan kang edapedapi kanggo njaga jatidirine (eksistensi). Mawa keunggulan lan kebangkitan iku mau,Jawa isih bias sesumbar ngadhepi globalisasi. C. Basa Jawa dadi lakone Ngrembug bab basa pancen ya ora bisa setugel-setugel, jalaran basa kuwi nyumrambahi paramasastra, susastra, bausastra, pustaka, aksara, tataswara (phonetic), Nanging manut informasi saka Ketua Badan Pekerja KBJ 5 mratelakake menawa KBJ V ora ngrembug bab linguistic maneh. Apa bisa? Basa Jawa minangka perangane kabudayan Jawa nduweni keunggulan, yaiku gegayutan karo : 1. 2. 3. 4.
sifat adiluhung, etika (tatakrama/unggah-ungguh) Kearifan lokal, lan Piwulang pendidikan
3
1. Sifat Adiluhung Anane falsafah paradoksal, yaiku adu pucuk sing kosokbalen (dua kutub yang berlawanan) digandheng tenteng dadi siji, Bineka (maneka warna) digandengake karo Eka (siji). Conto liyane Dwi Tunggal, menang tanpa ngasorake, sugih tanpa bandha.. Nglurug tanpa bala, ngluruk tegese miturut Bau Sastra Jawa, dening S. Prawita Atmodjo, cap-capan kaping III-1994 : budhal perang /menyang panggonane mungsuh. Budhal perang tanpa bala tanpa ginebag perang, nanging bisa nelukake, nungkule mungsuh jalaran (nyilih istilahe kanca dalang) kapiluyu pepoyaning kautaman.. Adiluhung liyane katitik saka anggone ngolah samubarang kang saka sabrang kang gemruduk angajawa tanpa anane bentrok lan cecongkrahan, malah kapara ngasilake resultante kang luwih unggul kertaaji lan bobote katimbang produk ing Negara asale. Contone : Candi Borobudur, sing dadi pangeram-eram ing donya (keajaiban dunia) ora tinemu ing tlatah India kang dadi asal - usule agama Buda. 2. Etika Tata krama, unggah-ungguh tinemu ana piwulang basa Jawa bisa ndadekake komunikasi sing enak lan kepenak, Coba iki dipirsani ukara basa Inggeris “I want to meet you Mr. Presiden” wis cukup sopan. Yen di jarwakake bisa dadi “Aku kepengin ketemu kowe Pak Presiden” ya wis bener miturut kramatika, nanging ora bener miturut paramasastra Jawa jalaran ora sopan lan ora duwe unggah-ungguh. Cara Jawa sing bener:”kula kepengin sowan penjenengan pak Presiden” 3. Kearifan lokal, “Alon-alon waton kelakon”, ana sing negesi sak titahe, sak kepenake, kamangka alon-alon kudu ditegesi “ ever onward”, ora mandhek jalan terus, never retreat ora mundur kanggo nggayuh gegayuhan, tanpa kendhat amrih kelakon kang tinuju, termasuk cita-cita proklamasi, Kearifan lokal “sadumuk bathuk sak nyari bumi”, bisa dadi paugeran njaga bale wisma lan ngrungkebi 4
tanah wutah getih saka pangaru biruning liyan. Semangat iki bisa dadi senjata pamungkas kanggo ngadhepi negeri jiran sing arep njarah rayah tlatah Ambalat. Semangat iku dikukuhake mawa Semboyan “NKRI harga mati.” Pantes bae kita sesumbar : “Kopat-kapite kaya ula tapak angin, kekejero kaya manuk branjangan, ampyaken kaya wong njala, krubuten kaya menjangan mati” leganing atiku. Semangat sing makantar-kantar iki aja pisan-pisan nganti dilalekake. Anane kearifan lokal sing tinemu dhek jaman revolusi ’45. yaiku ”merdeka atau mati”. Sepira bobot lan kerta ajine tekad kuwi, ora bisa diukur nganggo arta lan bandha jalaran apa maneh donya brana, jiwa lan raga dikurbanake kanggo adeging Negara Proklamasi, NKRI., Ana maneh, semangat persatuan, padha rame-rame ngumpulake duwit receh kanggo pambiyantu Prita Mulyasarri sing nampa pidana, lan Darsem (TKI Arab Saudi), dadi bukti nyata ngejawantahe patrap ’tepa saliro” lan rukun agawe santosa.” Rasa senasib sepenanggungan sing kaya mangkono bisa dadi tepa tuladha kanggo sapa bae, termasuk para pemimpin Negara. Ora ana salahe yen para pemimpin niru perilaku becik rakyate jalaran bisa mbagun kerukunan, ngukuhake persatuan nyantosani Nasionalisme 4. Piwulang Pendidikan. Piwulang pendidikan, ing ngarsa sung tulladha, ing madya mangun karsa, tutwuri handayani, wis dadi kawruhe para guru kanggo nggulang para murid supaya bisa mapan ning panggonane dewe-dewe. Ana sing ana ngarsa, ana sing ana madya lan ana sing ana mburi, kang ana ngarsa / pemimpin bisa dadi panutan tinulad dening sapa bae. Ora kok saiki dadi bupati, limang tahun. maneh mlebu bui. Wingi dadi gubernur sesuk dikunjara, saiki mlebu bui wingiwingine dadi menteri utawa anggota DPR. Mangkono sapiturute, Pendidikan budi pekerti lantaran piwulang basa Jawa iku penting. Ing Jawa Timur, senajan wis ana SK Gubernur No. 188/KPTS/013/2005, ora cukup, isih perlu prasetya (komitmen) para guru lan birokrat Dinas Pendidikan marang tugas kewajibane. Senajan wis kapacak ing Daftar Pelajaran. ”Bahasa Daerah” nanging nyatane diisi pelajaran matematika, physika utawa liyane. Pamrihe supaya muride pinter-pinter danem-e duwur-duwur. Lulus kabeh : apa perlune pinter- kaya Wisanggeni, paribasane bisa nggraji angin, bisa njara langit, yen ora ngerti tata krama, marang sapa bae ora basa / krama, paraga kaya Wisanggeni dudu kekudangane bangsa.
5
D.
Panyaruwe Putusan Kongres
1. Ngenani Tindak Lanjut Kongres “ Kang diputusake ing KBJ IV mertelakake : Kabeh putusan lan rekomendasi KBJ IV perlu dicakake dening 3 propinsi, Jateng, DIY, lan Jatim. Banjur sapa mengko kang kajibah medhar laporan ing KBJ V ngenani kemajuane basa Jawa sakjege kongres kepungkur tekan saiki. Sapa sing ketiban sampur. Upamane, Putusan Konggres Basa Jawa IV bab pendidikan formal, nerangake menawa pasinaon basa Jawa wajib diwulangake ing sekolahsekolah SD/MI, SMP/MTs, SMA/SMK/MA Jawa Tengah, DIY, lan Jawa Timur, Terus lembaga sing ngendi kang dipasrahi aweh pelaporane, berhasil apa ora. Yen sukses apa tandane, lamun gagal apa sebabe. Dadi mesthi kudu ana agenda ne. Mesthi ne panitya kongres uga bisa lan wis tanggap. Sukur-sukur bisa ngrasakake pikolehe pendidikan budi pekerti tumuju marang dumadine pemimpin Negara Kesatuan Republik Indonesia 2. Putusan KBJ IV liyane, kanggo ndayakake basa lan sastra Jawa, nandhesake perlune dibentuk Dewan Bahasa Jawa ana telung propinsi”. Tumekane saiki Dewan Bahasa Jawa ing Jawa Timur sajake isih cat kepireng cat mboten”. Keprungu suara samar-samar manawa Dewan Bahasa Jawa, Jawa Tengah kaya-kaya ora tumindak apa-apa mungguhing basa Jawa. Bab iki njalari agawe mamange kanca-kanca (nalika semono) niat mbentuk Dewan Bahasa Jawa (DBJ) ing Jawa Timur. Kapriye wae DBJ Jawa Timur kudu dibentuk, ora mung kanggo jangkep-jangkepan, malah diajab bisa dadi mandataris KBJ utawa dadi pusat informasi basa Jawa ing Jawa Timur. Anane basa Madura lan basa Using ora bakal ngribeti DBJ, malah bisa dadi kembang setamane utawa bunga rampai Jawa Timur.. 3. Dene ngenani KBJ 5 iki kabeh wae peserta kudu melu udhu (aweh kontribusi) supaya kBJ 5 temen-temen sukses luwih-luwih kagem para winasis, para nimpuna, para pakar. Kontribusine kudu luwih unggul tinimbang liya - liyane. Sarana meruhi temane lan subtemane KBJ 5, bisa nemokake apa bae target-e KBJ 5. Sing dibutuhake KBJ 5 datadata primer-e para pakar iku, dudu data-data sekendair, kayata Astabrata, Tripama, Wulangreh, Sastra Gendhing lsp sing dibutuhake. Dudu. .Apa maneh nganti mundur tekan ”Sanghyang Kamahayanikan jaman Empu Sendhok, Pararaton: Zaman Majapahit lan liya-liyane, kang saben-saben 6
digelar ing seminar-seminar.. Akeh sing pada ngusung isine gedhong perpustakaan kanggo ngramekake seminar lan kongres. Kabeh wis padha 4. ngyumurupi sejarah lahire pancasila. Swargi Bung Karno wis ndhudhah lan ngedhuk Pancasila saka njerone bumi budaya Nusantara, ora mung tekan jaman Mataram Kuno, nanging malah tekan zaman animisme lan dinamisme. Liding kanda, data sekunder sing dibutuhake ora perlu mundur adoh-adoh tekan zaman Hindhu cukup tekan lahire Pancasila, sing saiki wis dadi data sekunder, Sing ndhudhah, ndhudhuk lan nggali-nggali wis dilakoni Bung Karno, kita kari njupuk hasile. Malah Bung Karno nate dhawuh Pancasila iku minangka hoogere optrekking ( perpaduan yang bernilai lebih tinggi = pengunggalan kang luwih unggul tinimbang deklarasine Thomas Jeperson lan manifesto komunis). Ora cukup amung ”Sinajan klungsu melu udhu” nanging kudu ngesok eguh pertikel, bau suku, supaya mujudake data primer sing ngemu tindak aktualisasi, implementasi kanggo nyengkuyung adeging NKRI. Iku pangarep-arep kita marang para pakar Basa Jawa. 5. Ngipuk-ipuk, nguri-uri basa Jawa ora ateges wong Jawa kudu balik kaya jaman biyen, Ora, nanging perlu nyumurupi sapira bobot lan kerta ajine. (nilai) produk budaya sing wis diasilake. Bobot lan kerto aji bisa kanggo pawitan (modal) mujudake cipta rasa lan karsa kang cundhuk karo jaman kelakone, Basa lan sastra Jawa bisa karon sih karo jamane, Menawa wis kaya ngono, sapa bae, Suta, Naya, Dadap Waru bisa rumangsa jenjem ing bebrayane. Nguri-uri Sutasoma, ora ateges arep nggawe Sutasoma maneh, nanging mbangun sing luwih unggul kerta ajine timbang Sutasoma. Apa iku ? Pancasila. Ngipuk-ipuk Borobudur ora ateges arep mbangun Borobudur maneh, nanging mbangun sing luwih unggul kerta ajine ketimbang Borobudur. Apa kuwi ?. NKRI Sistem pemerintahan Nusantara asline pancen monarchi Kepala Negarane Ratu, Ratu wakile gusti Allah, senajan ratune bisa macem-macem. Ana sing kaya Ratu Sima ana sing kaya Amangkurat 1. Telung kekuasaan dicekel tangan siji, tangane ratu ( executive, yudikatif lan legislatif) Dhawuhe Ratu iku idu geni. Lumebune Trias Politika bisa ditampa sarana mulus bebarengan karo tekane Proklamasi.. Tetelune kekuasaan iku dipisahake, ora nglumpuk ana tangan siji. Sing nyekel executif ora nyekel legeslatif, sing nyekel legeslatif ora nyekel Yudikatif.
7
Mangkono sakteruse. Suwening suwe 3 kekuasaan iku mau kumudu-kudu mbalik, maneh nglumpuk dadi siji maneh. Katitik anane Muspida, Muspika, Penguasa Tunggal. Malah ing tingkat pusat mesthine kabinet presidensiel (zaken kabinet), kasisipan niat koalisi, ing pawadan mbangun koordinasi bisa malih warna dadi perselingkuhan 6. Mligi kanggo Jawa Timur, sumbangsih tumrap kemajuane basa Jawa wis ora mamang maneh. Katitik saka anane kalawarti Panyebar Semangat kang kababar wiwitan dening Swargi Dr. Soetomo pendiri Boedi Oetomo lan Majalah Jaya Baya kababar wiwit 1 Desember 1945 lestari nganti saiki ya ora cilik lelabuhane kanggo basa Jawa. Lumrah lamun kekarone oleh ganjaran winisuda dadi bentenge basa Jawa ing Jawa Timur. Ora kelalen muncule JTV kang nayangake acara “Pojok Kampung” sing melu-melu nyuguhake berita basa Jawa “Suroboyoan”. Malah ana pawongan sing “diwisuda” dadi ahli basa “Suroboyoan” Muncul istilah sing wong Suroboyo dewe ora tahu nganggo, kaya ta : manuk, pilek, penthil muter lan liya-liyane “Manuk Pilek” terjemahan saka tembung flu burung. Flu burung iku jenenge penyakit, adhedhasar hukum DM (diterangkan / menerangkan). Diterjemahkan dadi basa Jawa ya tetep DM. Manuk pilek miturut hokum DM iku jenenge manuk kaya dene manuk ijo, manuk bethet, manuk ireng manuk gagak, manuk putih,, manuk kontul. Kamangka istilah flu burung iku dudu manuk nanging penyakit. Dadi adoh banget sungsate. Flu burung jenenge penyakit bareng dijarwakna “manuk pilek” malih dadi jenenge manuk. Timbang mbingungake luwih becik ora dijarwakake, tetep bae dadi jeneng penyakit “flu burung” kaya dene “rumah sakit” ya tetep “rumah sakit”, ora usah diterjemahkan “omah lara” dene penthil muter saka tembung putting beliung, Pancen bener putting tegese penthil. Tapi beliung iku apa? Miturut Kamus Umum Bahasa Indonesia susunan W.J.S. Poerwadarminta cap-capan kaping VII, beliung: perkakas tukang kayu, rupanya seperti kapak tapi tajamnya melintang (tidak searah dengan tangkainya). Embuh kepriye nalare putting beliung kok bisa diterjemah dadi penthil muter, lucu. Puting beliung diterjemahna dadi lesus rak luwih bregas. Pancen iki klebu babagan linguistic, Kaya dene ejaan tembung “pojok” karo jenenge kutha Nganjuk kang ditulis “Nganjok” bisa mbingungake para pembaca dan pendengar. Mesthine JTV migunakake pedoman sing baku supaya ora 8
kontra produktif. Isih ngenani bab ejaan tulisan ”malioboro” yen ditulis mawa aksara Jawa kabeh nglegena ora nganggo taling tarung. Mangkono uga “ Mojokerto” Kira-Kira ngono manut ejaan Sriwedari 1926. Pancen iki klebu babagan linguistic, tapi apa bisa KBJ V uwal saka linguistic. Kapara KBJ V bisa nata maneh utawa ngukuhake Ejaan Sriwedari, Ejaan iku gandheng raket karo swara (sound system), malah sawenehe ahli nyebutake menawa, “The nature of language is sound”. -= sejatine basa iku ya suwara. Wasana minangka pamungkasing atur ayo padha asesanti, jayaningrat lebur dening pangastuti.
Sura dira
Malang tgl 11 Oktober 2011 Soemito SA Biodata Nama : Soemito. SA Tempat, Tanggal Lahir : Tuban, 08 Oktober 1935 Pekerjaan : Konsultan Konsumen & Pelayanan Publik Alamat : Jl. Bendungan Tangga No. 6 Malang E-mail : (*******************) No. Telepon : (*******************) HP, (*******************) Pengalaman : 1. Peserta Konferensi Nasional Kebudayaan 2009 Tangal 9,10 Juni 2009 di Surakarta 2. Panitia konferensi Internasional Kebudayaan Jawa tanggal 21 Oktober 2008 di Purwokerto 3. Ketua Lembaga Javanologi Malang 2006-2011 4. Ketua Departemen Pustaka Sejarah dan Benda Budaya, Anggara Kasih Umer Malang 5. Ketua Yayasan Lembaga Konsumen Malang.
9
Daftar Pustaka 1. Katerangan Tegesing Tembung Tembung (BausastraTjilik). Dening W.J.S. Purwadarminta, Cap-capan J.B Wolters Uitgavers Maatsshappy, NV Groningen- Batavia 1940, Scott weg 5. 2. Bausastra Jawa, dening S.Prawira Atmodjo, kababar dening Yayasan ”Djojo-Bojo”, Jl. Embong Malang no. 69 H Surabaya. Cap-capan kaping 3 1994. 3. Kamus Umum Bahasa Indonesia susunan W.J.S. Purwadarminto. Diolah kembali oleh Pusat Pembinaan Dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan Dan Kebudayaan. Balai Pustaka 1984 4. Serat Ari Basa, karangan Ngabehi Wirapustaka alias Ki Padmasusastra. Cetakan I994. Kababar dening Universitas Sebelas Maret. 5. Kebatinan Dan Hidup Sehari-Hari Orang Jawa, Kelangsungan Dan Perubahan Kultural, Niel Mulder. Penerbit PT Gramedia Jakarta 1983. 6. Beberapa Pokok Antropologi Sosisal, oleh Koentjaraningrat. Penerbit Dian Rakyat, cetakan ke 8 1992. 7. Ilmu Budaya Dasar oleh Drs.Supartono Widyosiswoyo, penerbit Ghalia Indonesia 1998, cetakan ke 2. 8. Sosiologi Untuk Masyarakat Indonesia oleh Hassan Shadily. Penerbit PT Pembangunan Jakarta 1958, Cetakan ke 4. 9. Bunga Rampai Korupsi, penyunting Mochtar Lubis & James C.Scot.Cetakan 2 .Penerbit LP3ES. 1988. 10. Jurnal Bahasa Dan Seni Fakultas Satra Universitas Negeri 11. Malang Tahun 29, Nomer 1 Pebruari 2001. 12. Berbagai sumber yang jadi bacaan sehari-hari.
10